Slamet…Slamet….Slamet…

Cerkak Andri Saptono*
kepacak ana jagad jawa Solo Pos 18/7

Swara telepon mbrengkal turuku sing ora angler. Karo ngelapi iler tak saut hape sing ana meja. Tak sawang nomer kantor sing murup abang iku. Tumon, jam papat esuk kantor nelpon aku?
“Halo…” Suara satpam Marzuki mangsuli dhisik.
“Ana apa pak Marzuki? Saiki isih jam papat lho pak!”
“Ngapunten pak. Ketiwasan. Kahanan kantor ketiwasan…”
“Ketiwasan apa? Ngomong sing cetha pak!”
“Nyuwun pangapunten sak derengipun. Kantor nembe mawon dibabah maling, pak!”
Aku meneng sedhela. Nata ambegan supaya landung. Warta iki ora warta biyasa. Apa maneh warta kantormu kebabah maling. Nanging, tetep tak wangsuli kanthi kalem.
“Ya, uwis pak. Aku tak budhal rana saiki. Rasah grusa-grusu dhisik!”
“Nggih, pak. Nyuwun pangapunten sak ageng-agengipun. Kula ampun dipecat nggih pak.”
Tak tata ambeganku. Tak jawab nganggo jawaban sing nglegani satpamku kuwi. “Yen sampeyan ora katut masalah iki, mestine aku ora bakal mecat pak Marzuki. Nggih ta?”
“Nggih Pak. Leres.”
Tak tutup hapeku. Alon-alon medhun saka dipan jalaran lara migren ana sirah marakne rada kliyengan. Banjur tak untal pil sing gedhene sak driji saka Sin She sing jarene luwih ampuh ketimbange aspirin.
Nalikane teka kantor, wis akeh wong sing kemruyuk neng kono. Katon polisi nalekne pita kuning pembatas, supaya wong sing ra berkepentingan ora mlebu. Apa maneh kantorku iki celak karo dalan gedhe, wong-wong sing pengin weruh pada teng pecungul pengin nonton.
Pak Marzuki, sing ngerti aku wis teka, marani nganti kedandapan. Raine pucet nalikane laporan marang aku. Continue reading

Cap Ji Ki

cerkak kepacak ana harian solo pos, kamis 20/10

1807Capjiki
Dina prei isih ana seminggu luwih. Nganggur neng ngomah ora duwe pagaweyan, apa maneh nunut maratuwo ya rasane susah. Ditambahi sisan kahanan yen dhuwit ana dompet kari sepuluh ewu –isa tekan ngendi? Paling, ditukokne susu formulane genduk wae mung sak klemetan.

Kaya esuk bar subuh iki aku ngamplo karo momong genduk sing lagi umur sesasi. Bayi abang kuwi isih merem melek ngedot saka kempong. Iki ya kahanan ora kepenak maneh. Ketimbang nangis gendhuk diwenehi dot susu formula. Jalaran wayah esuk ngene ki bojoku wis mbantu pagaweyane ibune ana mburi, yaiku bisnis laundry dadakan saben mangsa riyaya. Tur bisnis laundry isih nggunakne mesin cuci manual alias dikumbah nganggo tangan. Amarga kuwi mokal isa disambi karo momong gendhuk.

Mikir kahanan ngene ki, aku ya dadi ngrambyang tekan ngendi-ngendi. Ngetung dhuwit THR lan dhuwit gaji sing wingi wis diwenehke perusahaan, lan saiki wis ora ana turahe. Mangka dina sasi ngarep isih dawa. Terus aku kudu piye? Tambah nggrantes yen kelingan aku sing nunut ana ngomahe maratuwo.

Nanging, maknyut aku kelingan impen dek bengi kae. Impen-impenan nyedaki subuh, utawa kasebut puspa tajem. Jarene para tuwa, impen ana wayah puspa tajem akeh sing maujud lan dadi kasunyatan.

Bener, yen impen iki dadi kasunyatan aku bakal ora nggrantas maneh… nanging, ora, aku ora mungkin nglakoni perkara kaya ngono. Tur, bener orane durung pesthi. Gek mengko ora dadi kasunyatan, terus aku malah rugi pindho. Wis ora nembus, dhuwit sepuluh ewu mau dadi ketut bablas.

Ya, pancen ndhek subuh impenanku katon nyata banget. Sakwijining dina, nalika awan, aku ketemu karo pawongan wadon ana pinggir dalan. Umure setengah tuwa, nanging pakulitane alus katon prawan umur pitulas. Kaya mengkono marakne sosok solahe tambah keibuan. Pas kuwi aku lagi momong gendhuk sing ana gendhongan pit ontelku. Amarga diceluk, aku terus mara marang dheweke.
Continue reading

LELAKONE PAIJO

163801_demo-buruh-pertamina_663_382
disiarake dening harian solo pos jagad jawa

Tanggal enom, tanggalane wong buruh pabrik blanjan kudune Paijo bungah atine. Nanging kasunyatan dudu kuwi sing rasakne Paijo sing kedurung-durung malah susah. Kanggo buruh pabrik sing sarwa kurang kaya dheweke, kahanan iki sing adat kalakon.
“Wingi Pak Marno sampun nagih duwit kontrakane Mas?” semaure bojone karo nduduhke memo saka Pak Marno ana kertas sesuwek. Isine tulisan : Sampun nunggak rong wulan mas duwit kontrakan. Yen taksih nunggak maleh, kontrakan bakal kula wenehake tiyang sanes!
Liyane kuwi ana tagihan warung sing kudu dibayar.
“Warunge Bu Surti sampun rong sasi dereng disaur mas. Kula mboten wani utang maneh yen dereng dilunasi dhisik.”
Paijo judeg mikir mecahne masalahe kuwi. Intine gajine dheweke ora nyukupi kanggo nyaur utang kabeh. Keporo tambah nggrantes maneh dheweke dirumahke saka pabrik triplek, papan panggonane nyambut gawe lima welas tahun kuwi.
“Niki samun kebijaksanaan pabrik mas. Pabrik kapeksa ngelongi pegawenipun. Panjenengan punika satunggalipun pegawe ingkang dipun lereni rumiyin. Menawi mangke wonten tambahan pegawe panjenengan badhe ditimbali maleh. Kula namung ngaturaken punapa ngendikane Pak Direktur. Lan niki gaji pungkasan panjenengan kaleh sekedhik arto saking pabrik kangge tali asih.”
Paijo metu kluntrang-kluntrung saka jero kantor direksi. Nasibe ora bedha karo kanca-kancane liyane. Dheweke ngerti cara licik direksi kanggo ngurangi para pegawe lawas. Wiwit mulane para pegawe lawas dirumahke nganti suwe babar blas ora ana panggilan. Mesthi wae kahanan sing ora kepenak kuwi marakne wong terus bingung. Akhire para pegawe sing dirumahke pilih metu dhewe saka pabrik golek gaweyan liya. Saka kahanan iki pabrik genah entuk keuntungan ora kudu nyangoni pegawe minangka mbayar duwit PHK.
Dheweke uga ngerti yen pabrik sakjane isih terus nambah pegawe kontrakan anyar. Rencanane kabeh pegawe lawas mau diucali siji-siji saka pabrik diganti pegawe kontrakan anyar. Pegawe kontrakan luwih gampang disetir pabrik amarga pegawe kontrakan ora duwe hak apa-apa neng pabrik umpama metu utawa dipecat saka pabrik.
Paijo bingung mikirke nasibe sak banjure saka pabrik. Duwit ora akeh kuwi mesthi wae entek yen kanggo nyaur utang kabeh. Blanja mung sakjuta ditambah duwit tali asih mung rong atus ewu wae bisa tekan ngendi?
Nanging Paijo wis pasrah. Duwit saka blanja pabrik kabeh diwenehke bojone. Continue reading

Paijo cidra tresna (II)


Bocah-bocah rombongan saka Jawa dadi krasan ana ngomahe pak RT. Tanggapan kulawargane Pak Sadikan uga semanak banget. Saya suwe pasrawungane wong sakrombongan cepet banget rakete.
Apa maneh yen ana Rumini. Bebasan witing tresno jalaran saka kulina, Rumini dadi seneng marang Paijo. Pak RT Sadikan sajake ora nggondheli manawa Rumini gandheng karo Paijo.

Karepe Paijo sakjane mung biyasa wae, dianggep panglipur. Lan sarane Pak Wagiman, ora apa-apa kanggo nggangsarake rerakatene karo wong pedhalaman kono. Telung sasi wae, ora suwe, mangkgono jarene Pak Wagiman.

Ora krasa pambangunan mejid wis kari ngethungi dina. Seminggu maneh dikira-kira mesthi rampung. Mejid sing meh rampung iku katon magrong-magrong lan endah. Wernane biru, jobine tegel abang lan gendhenge ijo. Pelatarane amba dikupengi pager tembok sing dhuwur diwerna putih resik. Continue reading

Pai­jo ci­dra tres­na (I)(ana can­dha­ke)


Bi­yen ana kan­dha yen wis mu­lih sa­ka pa­ran Pai­jo ba­kal nem­bung Sur­ti. Yen wis mlum­puk go­lek dhu­wit sa­ka ker­ja ngran­tau. Yen wis cu­kup ce­leng­ane. Ka­ya ngo­no ik­ra­re Pai­jo bi­yen.
Mu­lih sa­ka Ja­kar­ta wis ora ta­han ngam­pet kang­ene ma­rang Sur­ti. Cah lo­ro do­lan ba­reng me­nyang ta­man ria.
Sa­di­na wutuh cah lo­ro we­gah mu­lih amar­ga sa­ka kang­ene.

Cah lo­ro pa­dha ke­tam­ane as­ma­ra. Pai­jo nga­jak Sur­ti ngin­ep ho­tel. Sur­ti ma­nut wae. Wong tu­wa­ne Sur­ti sa­ja­ke uga ikh­las ka­ya­ta wis pes­thi yen jod­ho­ne Sur­ti ku­wi ge­nah Pai­jo.

Neng ho­tel ya mes­ti ora mung tri­ma ma­ngan lan tu­ru. Pai­jo uga nor­mal sak nor­mal-nor­ma­le lan Sur­ti, cah wed­hok wis ge­dhe, ora no­lak Pai­jo sing nga­jak ji­mak. Continue reading

AMBRUKE WIT RINGIN PUTIH KERAMAT


Wajibe tiyang Islam yaiku nindakake amar ma’ruf nahi munkar tumrap kabeh manungsa sing ana sak dhuwure bumi lan sak kurepe langit. Al Quran ngandhakake yen manungsa kabeh lan para jin kuwi diciptakake ora liya kajaba manembah marang Gusti Alloh sing Maha Kuwaos. Mulane ngenani ayat iki aku ora jeleh-jeleh menehi sesuluh marang sanak kadang, tangga teparo lan utamane kaluwargaku dhewe babagan Tauhid.

Nanging kasunyatane neng lapangan, dakwah marang kaluwarga mau ora gampang kaya mbalikake tangan. Ndelalah kersaning Allah, simbahku dhewe isih kukuh nglakoni agama nenek moyang, sing diarani animisme, utawa seneng nguri-uri ritual caos dhahar sesaji marang danyang wit gedhe lan amalan iki kalebu musrik sing gedhe dosane.

Aku wis bola-bali ngendakne simbah. Amalan musrik, nyekutuke Alloh marang liyan kuwi dosane gedhe lan bakal manggon ana neraka Jahanam sing genine mbulat-mbulat ngobong awak. Nanging kandhaku mau dianggep wae kaya angin lewat. Mlebu kuping tengen metu saka kuping kiwa. Simbahku tetep atos kaya watu item. Continue reading