AMBRUKE WIT RINGIN PUTIH KERAMAT


Wajibe tiyang Islam yaiku nindakake amar ma’ruf nahi munkar tumrap kabeh manungsa sing ana sak dhuwure bumi lan sak kurepe langit. Al Quran ngandhakake yen manungsa kabeh lan para jin kuwi diciptakake ora liya kajaba manembah marang Gusti Alloh sing Maha Kuwaos. Mulane ngenani ayat iki aku ora jeleh-jeleh menehi sesuluh marang sanak kadang, tangga teparo lan utamane kaluwargaku dhewe babagan Tauhid.

Nanging kasunyatane neng lapangan, dakwah marang kaluwarga mau ora gampang kaya mbalikake tangan. Ndelalah kersaning Allah, simbahku dhewe isih kukuh nglakoni agama nenek moyang, sing diarani animisme, utawa seneng nguri-uri ritual caos dhahar sesaji marang danyang wit gedhe lan amalan iki kalebu musrik sing gedhe dosane.

Aku wis bola-bali ngendakne simbah. Amalan musrik, nyekutuke Alloh marang liyan kuwi dosane gedhe lan bakal manggon ana neraka Jahanam sing genine mbulat-mbulat ngobong awak. Nanging kandhaku mau dianggep wae kaya angin lewat. Mlebu kuping tengen metu saka kuping kiwa. Simbahku tetep atos kaya watu item.

Bapakku dhewe, salah sijine putrane simbah uga ora kasil menehi piwulangan marang simbahku. Bapak sing profesine kontraktor luwih condong marang pendidikan modern, nate ngendika menawa sing masuk akal ing jaman saiki ora liya mung kerja lan kerja kanggo nyucukupi kabutuhan kaluwarga. Bapak pribadi nganggep apa sing dilakoni simbah kuwi kurang gaweyan lan mbuang-mbuang wektu.

Aku tetep ora mutung. Aku mesti ikhtiar supaya kemusrikan ana keluwargaku iki bisa wucal. Sing luwih tak wedheni yen nganti adzabe gusti Alloh sing luwih ngegirisi kejibah marang keluwargaku.

Nanging aku ora bisa nglirwaake kasunyatan menawa wis pirang-pirang tahun akeh pawongan ing dusunku sing nglakoni musrik ana wit ringin putih keramat kuwi. Sakliyane simbahku, isih akeh para sesepuh lan tetuwo kerep caos dhahar sesaji marang danyang penunggu wit ringin mau. Kayata yen pas salah sijining warga nduwe hajatan mantu utawa luwih-luwih ngepasi wulan Suro, salah sijining wulan sing wingit kanggone wong Jawa, mesti akeh tenan wong sing ngalap berkah ana ing ringin putih keramat kuwi.

Nanging ndelalah wae, ora suwe Bapak kandha arep ngetok wit ringin putih sing umure atusan tahun kuwi jalaran Bapak entuk pesenan kayu ringin putih dikirim menyang Amerika kanggo mebelair. Kayu ringin putih ngedab-ndedabi regane ana luar negeri kana.

Bapak kandha marang aku, mesti luwih cucuk yen wit ringine diketok lan kayune didol. Kemusrikan isa wucal saka desa amarga wit ringine wis ora ana. Bapak uga njaluk dukungan marang aku amarga simbah lan kabeh sesepuh desa nentang babagan wit ringin sing arep diketok mau.

“Terusna yen kowe pengin kena bebala!” semaure simbah sak balane sing nentang Bapak arep ngetok wit ringin putih keramat kuwi.

“Ndalem Bapak niki boten masuk akal. Teng jaman sakniki mboten wonten danyang-danyangan. Apa maneh amarga ngetok wit bisa dadi kuwalat!” wangsule Bapak marang simbahku tetap kukuh arep ngetok wit ringin.

Amarga kabeh pada atos, akhire dianakne musyawarah ana omahe pak Bayan. Nanging gedhog palu sidang sidane dimenangke Bapak sing duwe baku lemah kebon papan panggonan wit ringin putih keramat mau.

Simbah lan sak kancane saiki dadi mungsuhi Bapak. Nanging Bapak ora owah. Wit ringin putih keramat kuwi akhire tetep dikethok kanti graji mesin. Wit ringin raseksa sing umure atusan tahun kuwi dadi awujud kayu gelondongan sing siap diangkut menyang truk.

Sanajan pupus riwayat wit ringin putih keramat lan kemusrikan ana dusunku mau wis ilang nanging isih durung pupus ceritaku. Telung dina wit ringin putih keramat mau diketok, tengah wengine aku krungu swara ribut akeh ana dhuwur wuwungan omah. Aku enggal-enggal metu karo nggawa senter coba mriksa swara akeh sing ngganggu kuwi. Senter batere tak sorotke ana dhuwur gendheng. Mak jenggirat. Wulu gitokku ngadeg kabeh. Aku tratapan. Gemeter nyawang akeh kewan mlumpuk neng wuwungan ngomahku. Ana manuk emprit gantil, ana kewan bajing, ana ula gedhe sing mencorong abang mripate, lan kabeh kewan-kewan mau padha nyuwara kanti ganas.

Sakuwat kuwi aku dadi mikir. Kabeh kewan sing nyuwara kanti ganas iki mesti nesu protes amarga omahe, wit ringin putih kuwi diketok manungsa. Iki dadi pratanda kanggo apa sing wis tak lakoni sak bubare ngetok wit ringin mau. Kasunyatan babar blas aku ora mikir hak uripe kewan-kewan sing ngomah ana uwit ringin kuwi. Apa maneh mikirne kondisi lemah sing dadi gersang lan panas amarga ora ana wit gedhe sing bisa nyerap banyu pas udan. Lan satemene kasunyatan iki perlu digatekake yen isih akeh manungso kayata aku, isih seneng ngrusak alam lan ora mikirke bab nandur kebecikan ana ing nduwur bumi iki.

gambar dari sini

3 thoughts on “AMBRUKE WIT RINGIN PUTIH KERAMAT

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s