Ngoyak Maling Sekti

Ngoyak Maling Sekti
dimuat di Littera Taman Budaya Jawa Tengah
Kliwat tengah wengi pedhute sansaya kandhel ngemuli lurung desa Pondok sing sepi nyenyet persis kuburan. Genah wayah mene mokal ana manungsa saba. Nanging, ing cakruk isih katon ana sijineng menungsa kliyekan durung turu amarga jaga rondha. Kancane sing loro wis angler turu ora ana baneke swara. Sakjane dheweke uga krasa ngantuk banget. Mripate wis kethal-kethil ora bisa melek amba maneh kari limang wattan. Udude sing wis cendhek isih nekad terus disedot kanggo ngangetke cangkem ben ora kademen. Gelas-gelas kopi kari ampas pating glethak wis metu mbune. Sambene liya sakwise kopine kari ampas saiki ganti nyebleki jingklong yen pas nyokoti tangan utawa pipi.
Plek! Plek! Plek!! Ping telu banter suarane tangane sing kebak kapal kuwi nyablek pipine sing dicokot jingklong.
“Tanjir!” pisuhe Paijo, nom-noman rondha mau karo grayaki jingklonge sing luput. Pipine dhewe sing kena tabok dadi ngecap driji lima abang. Genah larane.
Lelakone wong rondha telu mau ora amarga ora ana jalarane. Meh sesasi iki, desa Pondok wis kaping pindho disatroni maling. Omahe pak bayan lan bu Jimin klakon dibabah maling. Bandha donya mas-masane bu Jimin sing ana lemari digondol ilang sak kotak-kotake. Dene pak bayan, dheweke kelangan wedhuse loro sing ana kandang. Sajake maling iki ora pilih-pilih. Para bapa-biyung sing padha duwe prawan neng ngomah ya melu ketar-ketir. Gek-gek maling sing jarene sakti kuwi mengko nyolong prawan sisan. Amarga desa Pondok kuwi kondhang prawan-prawanne sing ayu-ayu kinyis-kinyis. Mosok maling doyan karo wedhus sing ambune ledhis ora bakal kepencut nyolong prawan sing ambune genah luwih wangi ketimbang ambune wedhus.
Nggresahe para warga mau dadi mula-sebabe dianakake rondha keliling. Saben dina ana wong telung sing mubeng rondha kanggo nyegah maling mbaleni mbabah desa. Lagi sepasar wingi kuwi, maling sing wis dicegat para warga saben pojokan desa lan dalan kuwi ora tetep kecekel. Jarene, malinge kuwi duwe ilmu ngilang, utawa ilmu panglimunan sing marakake bisa mbresot saka kepungane warga.
Ning ana sing luwih aneh maneh. Malinge kuwi, kaping bola-bali mesti bisa ucul amarga nglumpat mlebu kuburan china sing petheng dedhet lan runggut. Tembene, sarean china kuwi ya gawat maliwat-liwat, papan dununge demit, gendruwo lan ilu-ilu banaspati, mlumpuk ana kono kabeh. Dadi para warga ya padha nggendhal arep mlebu ngoyak maling kuwi.
Yen para wong tuwa ing desa Pondok ngarani desa Pondok saiki dibabah maling kuwi mula jalarane desa Pondok ninggal tradisi bersih desa saben sasi Suro lan ora menehi chaos dhahar kanggo danyang desa. Ya, jalaran kuwi sing gawe danyang mbaureksa desa Pondok nesu ora menehi perlindungan warga maneh. Mula mengkene kok bisa ana maling mbabah desa, sing sakumure desa iki lagi wektu iki. Sakdurunge iki desa Pondok kuwi aman ora ana sukerta lan sengkala babar blas.
Biyen wis dirembug babagan tradisi bersih desa kanthi chaos dhahar kanggo danyang desa sing saiki ditinggal warga desa ora dilakoni kuwi. Papat kiblat lima pancer. Sengkala ngetan balia ngetan. Sengkala ngulon balia ngulon. Sengkala ngidul balia ngidul. Sengkala ngalor balia ngalor. Saben pojokan desa dipendhemi sikil wedhus siji. Lan ing tengah pusering desa dipendhemi ndas wedhus kanggo danyang sing mbaureksa desa.
Nanging ana separoh warga ora setuju karo adat bersih desa kuwi ngarani adat bersih desa kuwi kalebu musrik, ora diolehke marang agama. Dene sing separoh liyane sing kalebu para tuwo, ngarani chaos dhahar kanggo persembahan danyang mbaureksa kuwi tujuane gawe tentremé warga ben ora diambah sukerta utawa sengkala.
Pungkasaneng rembug kabeh para warga desa mutusake, saiki warga kabeh sing wis umur diwajibke melu rondha kanggo nyegah desa dibabah maling amarga adat bersih desa kanthi chaos dhahar kanggo danyang kuwi saiki wis ditinggal.
Bali maneh karo Paijo sing jaga rondha ing cakruk. Alarm jam sing muni nandakake jam nglajuk angka siji. Sedhela engkas dheweke kudu rondha ngubengi lurung, nggawa pentungan karet lan baterai kanggo sorot-sorot lurung. Sapa ngerti wae, ing wayahe sepi uwong ngene ki ing ndalan bakal ketemu sing nyalawadi.
Gage-gage Paijo nggugah Jaiman, kancane sing isih senggrok-senggrok ngorok. Di cablek pisan lengene ben tangi. Wurung. Kancane mau babar blas ora obah. Dicablek pisan maneh tetap brengkele. Ping telune, dicablek banter pas pipine sak rosa-rosane.
Ceplas! Mak jenggirat Jaiman njekekal tangi. Misuh-misuh dheweke. Sing nabok pipine ya ngguyu wae.
“Sorry, ana lalere mau arep mlebu irungmu tak cablek,” kandhane Paijo cengengesane genah katon ngatokake ngapusine.
“Laler ndasmu kuwi!!!” pisuhe Jaiman kanthi sereng.
Paijo isih tetap ngguyu nyekakak ngerti kancane kelaran. Biasa gegojekan. Ora ana niyat nglarani.
“Lha iya, ndang tangi. Turu wae. Sedhilit engkas awake dhewe kudu mubeng rondha.”
“Lha, Gudel ki piye?” takone karo isih ndemoki pipine sing tatu driji wernane abang.
“Ditinggal wae. Wis ben. Ben kono mengko jaga mubeng rondha dhewe.”
Wong loro mau krengkalan mudhun saka cakruk. Sarunge dislempangke ana gulu ben tetap anget karo cangkeme diududi ben ora kecut. Wis adhoh saka cakruk kabeh grumbulan disawang. Sorote sokle ngolah-ngaleh, ditamatake manawa ana sing mobah-mobah nyalawadi, sok-sok menclok ing wit pelem sing gumandul mateng. Lumayan, kanggo ganjel weteng menawa ora kedhisikan codhot dhisik.
Nanging suara jegok segawon ana ing kadahan jaba desa kok kaya-kayane mertandakake genah ana sing nyalawadi. Jegok mbaunge asu sing ajeg ngganter kuwi rasa-rasa rada bedha. Apa maneh pedhut sing tambah kandel nutupi lurung kaya-kayaa dhelekne misteri sing ora umum, ngono kuwi sing dirasakake Paijo lan Jaiman saya-suwe mubeng lurung.
“Kowe ngrasakne bedha karo pedhute sing kandhel ki ra, Man?” takone Paijo karo nyekeli gulune sing ndadhak mrinding.
”Firasatku ya ora enak. Pedhut iki genah ora biasa. Apa meh arep kedadean kaya biyen kae, ya?” semaure Jaiman.
”Karepmu, maling biyen kae arep mbabah desane dhewe maneh?”
Pitakonan iku ora kejawab. Kabeh wong loro mau padha dielingke kedadean sing wingi-wingi kae, para warga sing wis nyegat lan ngepung desa ora bisa nyekel lan ngrangket maling sing jare duwe ilmu panglimunan kuwi.
Apa maneh pas malinge kuwi mencolot mlayu neng jero kuburan china sing kawentar angker. Kabeh pada deg-degan, mrinding, kok maling ngono blas ora kecendhak sing atase kabeh warga wis ngepung. Kayane maling mau ambles bumi ing tengah sarean china sing angker kuwi.
Kabeh warga ora sabaene wani mlebu ana sarean. Mbah Darma sing dadi juru kunci sarean, sing melu ngoyak maling, wiwiti uluk salam kanthi gedruk ping telu ing lawang sarean. Terus dheweke banjur mlebu dhewe, ana sarean sing petheng dedhet lan kebak demite kuwi.
Sakjane sarean kuwi wis tau didokoki lampu. Nanging anehe, lampu kuwi ora tau urip suwe. Mesti mati terus. Dadi saiki ora didokoki lampu sisan.
Mbah Darma metu saka saeran namung ngandakake yen malinge kuwi wis ora ana ing sarean maneh. Dheweke isa kandha jalaran wis wawansabda karo mbah danyang sing mbaureksa saeran china kuwi. Kabeh warga sing wis ngerti pangeram-erame mbah Darma sing dadi paranormal desa Pondok, akhire kabeh padha bali.
Dielingke kededean sing wingi-wingi wong loro rondha mau dadi tambah waspada. Ngulatake sak petenge gerumbulan. Lampu baterine disorot-sorote yen umpama nangkep omah mosiking gerumbulan utawa ayang-ayang sing nyalawadi.
Mak tratap. Atine Paijo tratapan pas coloke soklene nangkep saklebat ayang-ayang njruntul saka gerumbulan sing petheng. Dengkule Paijo ndadak ngoplok. Awake krasa adem kekes. Balunge kaya-kaya dilolosi.
”Ma…maling!” pekike Paijo. “Ana maling, Man…”
Dhengkul sikile Paijo isih ngoplok ora uwis-wis. Ora ngira cepet timen bakal kepethuk maling sing sekti mau.
”Aja guyon lho, Jo. Nengdi malinge?”
”Mripatku genah ora salah nyawang, dhelengen gerumbulan sing obah-obah kae. Cetha kae maling!”
Sokle enggal dipateni cepet-cepet gen malinge ora weruh.
”Terus saiki piye?”
”Ngene, kowe bali nyang cakruk, gugahen Gudel sing turu. Aku tak dhewe mbuntuti malinge kuwi.”
”Wani tenan, kowe?”
”Wis kono enggal mlayu. Ndang tuthugen kentongane sing banter, kabeh padha ben tangi. Mengko malinge dikepung sing braket ben ora ucul maneh.”
Mak plas, Jaiman playune kaya digacar asu rabies. Sedhela wae wis ilang ayang-ayange kepilut pedhut.
Ayang-ayang kuwi obah mlumpat ndalan. Dirundhug terus karo Paijo ewadene atine ya rada keweden. Nanging sabubare suara kentong titir dadi maleh mundhak kendhel atine.
Maling kuwi krasa yen dheweke kepergok. Gage-gage dheweke ngeplas mlayu kipeng menyang gerumbul sing luwih runggut. Nanging neng burine Paijo terus ngoyak maling kuwi kanthi banter, eman-eman yen lolos. Kendhele Paijo iki amarga suara kentongan sing tambah akeh lan banter ing ngendi-ngendhi.
Nanging kaya ana rem cakrame, playune Paijo mandheg mak set, amarga dheweke ora wani ngucit terus maling sing saiki mlebu sarean china sing angker kuwi.
”Mlayu ngendi malinge?” takon warga sing pating jedhul saiki teka. Kabeh padha gawa gaman. Ana sing gawa gobang, pentungan, arit lan linggis barang.
”Aku kentekan ambegan dhisik….ora bisa nututi malinge mlebu neng jero sarean,” semaure Paijo karo ngunjal ambegan. Sakjane dheweke wedi, nanging ora wani ngomong blaka karo kanca-kancane.
Wis genah, sak kabeh warga mau ora wani mlebu neng jero sarean yen ijen. Sarean kuwi petheng dedhet, pating semrawut ora tau diurus. Umpama diresiki kanthi kerjabakti wong sakdesa ngono ora bakal rampung sadina utuh. Sarean china kuwi uga kondhang demit lan memedine. Danyang desa Pondok kuwi sing awujud buta gedhe sangar sing jenenge mbah Remo.
”Terus piye? Kudu dicekel malinge. Ditugel tangan apa sikile ben kapok ora nyolong maneh!” celathune salah sijineng warga sing nggawa pentungan kayu jati sing atos.
Wong tuwa sing jenenge mbah Darma sang paranormal desa Pondok enggal-enggal maju. Sikile gedruk bumi ping telu ing lawang saeran. Lambene katon umak-umik, uluk salam.
”Nggih mbah…sendhika dhawuh mbah… nggih…nggih…” semaure mbah Darma sing lagi wawansabda karo sing mbaureksa sarean.
Suara angin kaya mati. Suara gangsir sing mau brengenging rame saiki blas ora nyuwara. Mbah Darma mbalik ngadepi warga.
”Ngene sedhulur-sedhulur, awake bisa mlebu sarean. Nanging diwanti-wanti karo mbah Remo, sing mbaureksa sarean iki, aja gawe rusak lan rame ing tengah sarean. Mudheng kabeh?”
Kabeh warga manthuk-manthuk. Siji baka siji warga mlebu karo sarean. Kabeh warga ngintil lakune mbah Darma sing njujuk menyang wit sarean gedhe ana ing tengah sarean. Ya, neng ngisor wit gedhe mau ana pundhen sing dadi danyang mbaureksa.
Jaman biyen, ndhek jaman londho, ana gubernur Londo sing dikubur ana ing sarean china iki, sirahe tugel dicincang karo wong china sing wektu kuwi lagi congkrah karo londho. Neng kono sakjogangan kuwi dikubur gubernur londo kuwi sak bojone. Ora niyat ngirit panggon, nanging jasade sing nyonyahe gubernur mau uga serem tenan, sirahe pisah karo awake dibacok sijineng warga sing ngamuk. Hiiii…pokoke serem banget..!!
Ya sakprene iki ora ana warga sing wani ngambah sarean iku dhewekan. Yen awan lagi wani. Nanging sok-sok wong ngarit wae prenah ana sing kecokot ula gedhe pas ngarit ing ngisor wit ringin mau. Jarene sing nyokot wong ngarit mau awujud ula danyang. Saiki wong ngarit sing kecokot ula kuwi dadi edan. Ora bisa mari maneh. Pokoke sarean kuwi ngedab-edabi gawate.
Kabeh warga sing ana njero saeran padha nyawang gerumbulan neng ngarepe dhewe-dhewe, gek-gek mengko ana ula, apa malah ndas uwong mati tangi arep ngletak, yen ngono rak kojur tenan.
”Pripun mbah sakniki?” takone Paijo.
Mbah Darma mung manthuk-manthuk. Ora enggal mangsuli. Kabeh warga dadi penasaran. Ulu lengen lan gulu dadi mrinding. Ambune wangi kembang kamboje kok sajak arum mayit. Arepa tangan nggowo golok lan linggis kok saiki dadi lemes dhewe yen pas ngadeg ing ngarepe wit ringin sing angker kuwi.
“Sedhulur kabeh, mbah Remo wis ngomong karo aku, awake dhewe saiki kudu bali. Malinge wis ora ana ing sarean iki.”
Kabeh pada cingak. Gek apa malinge saiki lolos maneh.
“Lha pripun mbah kok saged lolos? Teng pundhi sak niki mlayune?”
“Ya, ngono kuwi thok kandhane mbah Remo. Rasah kakean takon, ayo saiki kabeh metu saka sarean. Aja nganti gawe nesune mbah Remo ngejag-ngejag saeran.”
Sak rombongan warga kuwi kabeh pada methu saka sarean. Kabeh mung bisa meneng thok, ora ana sing celathu guneman. Kok aneh maling wis dikepung mesti bae isa lolos.
*
Sakjane neng jero sarean kuwi, ana ing dhuwur wit ringin kuwi malinge kuwi ndelik neng kono kanthi aman kedhangan sulur sing runggut lan mlungker-mlungker kaya ula. Ambegane sing ngos-ngosan saiki lega, amarga warga kabeh wis metu saka sarean. Umpamane kecekel ngono rak kojur. Gek mesti mati ngenes dipateni wong sak desa.
Kabeh mau jalaran saka pitulungane bapake, ora liya yakuwi mbah Darma sing dadi sesepuhe warga. Bapake lan dheweke wis kenal ati-atine warga Pondok sing wedi yen mlebu sarean china sing jarene gawat iki. Sakjane sarean iki genah ora ana apa-apane. Ora ana demit utawa medine. Sing wedi ya mesthi wae dadi ngerti medhi.
Saiki dheweke pingin leren. Ngunjal ambegan sing ngos-ngosan dioyak warga. Udude sing ana sak kari sakler malah disumet sisan. Mak klepus, disedhot kanthi jero rokoke kretek sing mak nyus mau. Ora entuk jarahan ora apa-apa, isih luwih mending ketimbang dadi batang dikepruki warga.
Pas kuwi, ana sawijine warga sing liwat ngarep sarean, ndilalah ngepasi nyawang wit ringin sing nggrumbul gedhe kuwi. Wong setengah tuwo kuwi dadi ngoplok lan gemeter ngerteni sing ana wit ringin mau. Enggal-enggal dheweke mlayu kipeng, ngandani warga yen lagi wae ngerti danyange sing mbaureksa saeran nesu nganti godhong ringin kobong metu keluke.
Dikandani ngono kabeh warga dadi mrinding. Mesthi mbah Remo sing mbaureksa saeran nesu. Lha, saiki arep ana sengkala utawa sukerta apa maneh jalaran mbah Remo sing mbaureksa saeran nesu?

7 thoughts on “Ngoyak Maling Sekti

  1. wah jan nyamleng, pasugatan cerkak basa jawi, rumaos kados maos Panjebar Semangat utawi Djaka Lodhang… mas kanjeng, kawula inggih nate damel seratan cerkak basa jawi, ananging nggih dereng runut kados seratan panjenengan… ndherek ngangsu kaweruh nggih… nuwun mas…

    sedj

  2. wah cerkake sae sae sanget…sanajan wong jawa nanging basa kawulo tasih kathing plethot. sakniki kawula nembe ngathah ngathahi anggene maca basa jawa kagem sinau. matur nuwu

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s