Kentir

Dimuat di Jagad Sastra Harian Solo Pos
kentir
Adzan luhur nggugah lamunane Sanyoto. Leren sik saka gaweyan sing lagi dilakoni kuwi, sampah plastik sing deweke pilihi lan banjur dikumbah, sing arep di dol neng papan daur ulang.
Sakjane iki wayah ngaso, nanging ing benak Sanyoto kok rasa-rasane ora pingin ngaso. Ora wayah nyambut gawe ora wayah ngaso, raine ayu Sunarti terus kumlebat. Ngarep-arep deweke enggal ngrampungi gaweyan ngresiki sampah plastik kuwi lan enggal di dol. Sak kilogram sampah plastik payu sewu rupiah. Yen saben dina entuk limalas kilo, rak yo lumayan. Malem minggu yen duwite wis mlumpuk iso mampir neng warunge Sunarti.
Pikirane Sanyoto terus mlaku. Kandhane kanca-kancane, dheweke wis wayahe rabi. Umure wis pas nduweni bojo. Ora enom banget lan ora tua. Ora apik wong lanang rabi suwe-suwe, arep ngenteni apa maneh? Dadi pakane setan, kanda kanca-kancane sak profesi.
Ngopo kok ora ngajak rabi Sunarti wae? Saksuwene dadi randa, ketoke yo ora ana pria yang nyedaki deweke, pikir Sanyoto mantep.
Malam minggu kuwi Sanyoto sido mampir neng warunge Sunarti sing rame –yo mergo Sunarti kuwi rondo ayu, bahenol, lan wonge grapyak sing dadekake warunge saben dino kebak wong tuku.
Nanging Sanyoto ora pingin tuku wedang tok, diwaneake takon sisan pas arep rampungan.
“Ra ono kancane, pora kesel, yu?”
“Yo, wis kahanan kang, arep piye maneh?”
“Yo, ora piye-piye, rak kudene yo golek mitro. Kesuwen dhewekan yo rekoso, bener to, yu?”
Sunarti mudheng karepe Sanyoto. “Sapa sing gelem to kang, sepah tebu kok disurut?”
“Ah, kowe aja pesimis yu. Sepah ning isih legi rak yo pada wae. Malah jarene, yen dokter sing wis lawas kuwi luwih pengalaman lan luwih mantep.”
“Yo, ngono yaké kang. Nanging durung ana sing mantep neng ati,” saurane Sunarti banjur mesem. Tambah ayu wae yen Sunarti kuwi mesem. Gandrung tenan Sanyoto. Dipikir apa maneh.
“Yen, kowe tak jak dadi mitraku piye, yu?”
“Aja guyon to, kang?”
“Aku iki takon tenan, ora pingin guyon? Randa prawan pada wae kanggoku, sing baku kuwi atine pada tresnoné, rak yo ngono to?”
Narti dadi mesem.
“Yo tak pikir sik kang.”
Sanyoto ora pingin kompromi babagan ngene ki. Yen nyoto Sunarti seneng, yo mesti jawab gelem.
“Jawaban saiki, Narti. Kowe gelem apa ora?”
“Aku yo ra iso jawab saiki, kang.”
“Kowe wegah karo aku. Sing penting jawabe kuwi, urusan liyane mburi”
“Ah, kang Nyoto, kok malah dadi atos ngene?”
“Gelem apa ora?” oyak Sanyoto.
Narti meneng. Atine dadi masygul.
“Yo wis. Yen kowe ra gelem jawab, berarti kowe ra gelem. Ngono wae.”
Sunarti isih meneng.
“Aku ketoke ora isa rene meneh bubar iki.”
Sunarti isih meneng pas Sanyoto lunga. Deweke sakjane ugo seneng Sanyoto. Neng mung ora seneng carané wae. Neng arep piye maneh Sanyoto wis kebacut lunga.
Durung ana seminggu, yo jalaran rasa kangen wae sing marakné Sanyoto kepaksa mara neng warunge Sunarti. Soal deweke biyen nate ngucap ora bakal mara, ora peduli yen umpamane di arani wong sing ndilat idu.
Ning warung Sunarti ramai koyo biasane. Malah atine Sanyoto dadi panas ana pria liya sing nggoda Sunarti neng ngarepe. Pas Sanyoto entuk kesempatan, deweke marani Sunarti neng buri sing lagi isah-isah.
“Aku serius Narti. Aku pingin kowe dadi bojoku.”
“Aku ora iso kang.”
“Lho ngopo kok ora iso? Dek ben kae meneng wae.”
“Ora kuwi masalahe kang. Aku wis dilamar.”
“Kapan. Kok ora ngomong-omong?”
“Telung dina wingi kae. Aku arep ngomong, ning kang Nyoto ora tau jedul rene maneh.”
Dadi lemes dengkule Sanyoto. Sunarti kandha sing nglamar pak lurah. Lan deweke ngerti yen Sunarti pilih pak lurah ketimbang deweke. Sunarti ora busuk. Pak lurah sing duda kuwi sugih banda tur amba sawahe. Sopo sing ora gelem dilamar pak lurah.
Sunarti nyedaki Sanyoto karo mesem, nanging atine Sanyoto kebacut lara.
“Kang, yen gelem tengah wingi iki renea.”
“Arep ngopo rene? Arep mbok kenalke karo calon bojomu kuwi, ngono?”
“Rasah ngrembug kuwi maneh. Pokoke kowe mengko bengi tak tunggu. Aja nganti ora teko.”
Sunarti ora sauran maneh. Sanyoto terusan lunga. Awake Sanyoto dadi ra penak pas mulih kuwi. Ra penak amarga kalah saingan.
Nanging tengah wengi kuwi, Sanyoto teko menuhi undangane Sunarti. Lagi arep ndodok lawang, Sunarti engggal nggeret Sanyoto mlebu warung.
“Kowe isih seneng aku kang?”
Sanyoto mangkel. Sak jane Sunarti kuwi takon apa ngecé.
“Kok meneng kang? Aku takon kowe.”
“Ra kacek maneh yen tak sauri, Narti. Kowe tetap ora bisa nyanding karo aku.”
“Yen kowe gelem, awake iso tetap dadi siji kang.”
Sunarti ngrangkul Sanyoto. Sanyoto dewe sing malah kaget.
“Sanajan aku dadi duweke wong liyo, aku ra iso ngapusi atiku sing tresno kowe, kang.”
“Kenter! Kowe kenthér, Narti.”
Sanyoto mundur, nolak rangkulane Sunarti. “Ngeneki nyalahi kodrat. Ora patut maneh, aku ora iso.”
“Ah, kang Nyoto ngopo saiki dadi jirih?”
“Aku ora jirih, ning aku wegah kokajak edan, Narti.”
Sanyoto gedek-gedek. Deweke banjur mbalik lan ngeblas metu saka warung terus mlayu nganti tekan omahe. Atine Sanyoto dadi mrinding dewe. Tujokno deweke ora sido bebrayan karo Sunarti.
Ya, yen Sunarti sida dadi bojone, gek-gek sak enake dewe Sunarti ngajak serong wong liyo neng burine. Kenthér tenan! Naudzubillahi min dzalik!

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s